Sabtu, 04 Juli 2009

TEMBUNG

Manut wujude Tembung ing Parama sastra Jawa kaperang dadi 3 (telung) wujud, yaiku :

1. Tembung Wod

yaiku tembung sakecap kang wis nduweni teges nanging durung sampurna, contone :
plung, lap, lur, byur, lsp.

2. Tembung Lingga

yaiku tembung kang isih wutuh utawa durung owah saka asale, contone :
sapi, kebo mulih, lunga, mangan, lsp.

3. Tembung Andhahan

yaiku tembung kang wis owah saka asale, contone : dipangan, mangana, dijawil, lsp.

Dene owahing Tembung Lingga dadi Tembung Andhahan kuwi, bisa jalaran saka :

1. Ater-ater (Awalan) kayata : a, ma, dak, ko, di, sa, pa, pi, pra, tar, lan ka.

2. Seselan (Sisipan) kayata : el, er, um, lan in.

3. Panambang (Akhiran) kayata : i, an, en, ake (aken), ku, mu, lan e.

4. Camboran yaiku tembung loro kang digabung dadi siji saengga nuwuhake teges anyar.

Dene nurut wujude kaperang dadi :

1. Camboran Tugel, conto : dubang saka idu+abang, lunglit saka balung+kulit, lsp.

2 Camboran Wutuh, conto : tanem tuwuh, pabrik gula, lsp.

Dene nurut tegese kaperang dadi loro uga, yaiku :

1. Camboran Tunggal, conto : naga+sari dadi nagasari, semat+mendem dadi semarmendem, lsp.

2. Camboran Udhar, conto : bapa+biyung dadi bapa biyung, rina+wengi dadi rina wengi, pager+bata dadi pager bata, lsp.

5. Pangrangkep utawa tembung kang dirangkep, manut wujude kaperang dadi 3 uga, yaiku :

1. Dwi lingga yaiku tembung kang dumasi karana ngrangkep linggane, conto :

bocah-bocah, omah-omah, watu-watu, lsp.

2. Dwilingga Salin Swara, yaiku Dwilingga kang kadadeyan sarana ngowahi swara tembung ngarep utawa mburi. Conto : wira-wiri, kolang-kaling, gonjang-ganjing, lsp.

3. Dwipurwa yaiku dwilingga kang dumadi saka tembung kang dirangkep wanda wiwitane, Conto : lilima, tutuku, lelara, leluhur, lsp

4. Dwiwasana yaiku dwilingga kang dumadi saka tembung kang dirangkep wanda wekasane. Conto : cengenges, jegagig, jedhodhog, cengingis, lsp

PARAMA SASTRA JAWA

Kayadene basa liyane ing Basa Jawa uga kaperang/kabagi dadi rong bab/wujud, yaiku :
1. Tembung (kata ing Bahasa Indonesia)
2. Ukara (Kalimat ing Bahasa Indonesia)

1. Tembung

Manut wujude, tembung kaperang maneh udakara dadi telung (3) wujud, yaiku :
1. Tembung Wod
2. Tembung Lingga
3. Tembung Andhahan


2. Ukara

Manut wujude ukara kaperang udakara ana pitu (7) wujud, yaiku :
1. Ukara Lamba
2. Ukara Rowa utawa Rangkep
3. Ukara Tanduk
4. Ukara Tanggap
5. Ukara Sambawa
6. Ukara Sananta
7. Ukara Tandang

Kamis, 02 Juli 2009

TEMBUNG-TEMBUNG KRAMA INGGIL

A

akon = dhawuh
aku = dalem
alis = imba
anak = putra
awak = sarira
aweh = caos
ati = manah

B

bapak = rama
bantal = kajang mustaka
bathuk = palarapan
bojo = garwa
bokong = bocong
brengos = rawis

C

cangkem = tutuk
cewok = cawik
cucul = lukar
cukur = paras
cekel = asta

D

dandan = busana
dodot = kampuh
deleng = priksa
dolan = ameng-ameng
driji = racikan

DH

dhadha = jaja
dhemen = rena
dhengkul = jengku

E

eluh = waspa
embah = eyang
embun-bunan = pasundhulan
endhas = mustaka
entut = sarip
Enom = timur

G

gawa = asta, ampil
geger = pengkeran
gelang = binggel
gelem = karsa, kersa
gelung = ukel
githok = gitwa, julukan
glegek = segunen
godhek = athi-athi
guyu = gujeng
gulu = jangga
gusi = wingkisan

I

idep = ibing
idu = kecoh
iket = dhestar
ilat = lidhah
irung = grana
isin = lingsem

J

jaluk = nyuwun
jamu = loloh
janggut = kethekan
jaran = kapal, turangga, titihan
jarit = nyamping
jenat = swargi
jenggot = gumbala
joged = beksa
jupuk = mundhut

K

kalung = sangsangan
kaget = kejot
karep = kersa
kandha = ngendika
kathok = lancingan
kemu = kembeng
kemul = singep
kedhep = kejep
kemben = semekan
kempol = wangkelan
kengken = utusan
kowe = panjenengan
kramas = jamas
kringet = riwe
krungu = midhanget
kuku = kenaka
kuping = talingan

L

lambe = lathi
lanang = kakung
lara = gerah
lek-lekan = wungon
lengen = pamenthangan
lunga = tindak

M

mayar = senggang
manak = mbabar
mangan = dhahar
mari = dhangan
mata = soca, paningal

N

nakoni = ndangu
nesu = duka
nangis = muwun
nunggang = nitih

NG

ngadeg = jumeneng
ngakon = ngutus
ngambung = ngaras
ngandut = mbobot, nggarbini
ngarep = ngarsa
ngenger = ngabdi
ngimpi = nyumpena
nginep = nyare
ngising = bobotan
ngicipi = ngedhapi
ngorok = senggur
nguyuh = turas
ngundang = nimbali

NY

nyekel = ngasta
nyilih = ngampil

O

omah = dalem
ora = boten

P

paidon = pakecohan
pembarep = pembayun
petan = ulik
pijet = petek
pipi = pengarasan
piring = ambengan
prawan = kenya
pundhak = pamidhangan
pupu = wentis
pupuran = tasikan
putu = wayah

R

rai = pasuryan
rambut = rikma
raup = suryan
riyak = jlagra

S

sabuk = paningset
sandhangan = pengagem
sedhih = sengkel
selir = ampeyan
seneng = rena
sikil = sampeyan
sikut = siku
sisi = semprit
srengen = duka
susu = payudara
susur = kembeng

T

takon = ndangu
tangan = asta
tangi = wungu
teka = rawuh
tuku = mundhut
tuma = kitik
turu = sare
turun = tedhak
tunggangan = titihan



Kajabel saka buku Sekar Rinonce karangan W. Purwaka dkk





BASA KRAMA DESA

Basa Krama Desa yaiku basa krama sing digunaake dening para pawongan ing desa, tujuane pengin ngurmati sing diajak guneman. Dene wujude ana tembung krama kang dikramaake maneh, ana uga kang nganggo tembung krama inggil utawa malah nganggo basa kawi.

1. Ibu boten teng griya sek kesah dateng Bajul Kesupen.
2. Ing wanci ketigen mekaten, pesiten sami rowa.

BASA KEDHATON

Basa Kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentana lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu.

Conto :
1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?

Ewone basa kedhaton liyane :

nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki

BASA KRAMA INGGIL

Basa Krama inggil yaiku basa kang tujuane kanggo ngajeni banget marang sing dijak guneman, meh padha karo Basa Mudha Krama.

Dene wujude ana owah-owahaning penyebut kayata :
- /-mu/ dadi /kagungan dalem/
- /aku/ dadi /abdi dalem kawula/, /abdi dalem/, /adalem/, /dalem/, /kawula/
- /kowe/ dadi /panjenengan dalem/ utawa /sampeyan dalem/ menawa marang Ratu

Conto :
1. Kagungan dalem menapa sampun dipun paringaken ?
2. Manapa arta menika saget dalem ampil langkung rumiyin ?
3. Kula wastani panjenegan dalem sampun tindak kantor.
4. Lan sak panunggalanipun.

BASA KRAMA

Basa Krama yaiku basa kang utamane dianggo kanggo ngajeni marang sing diajak guneman. Dene wujude bisa kaperang dadi 3, yaiku :

1. Basa Kramantara

Basa Kramantara yaiku basa kang wujude basa krama kang lugu. Dene kanggone tumrap sapadha-padha, utawa priyayi sing luwih dhuwur lan menang drajate karo sing diajak guneman.

Conto :
1. Mangga ta sami dipun penggalih langkung rumiyin.
2. Para Tamu sampun sami kondur sedaya.
3. Ibu nembe tindak pasar wekdal menika.
4. Lan sak piturutipun.

2. Basa Mudha Krama

Basa Mudha Krama yaiku basa kang wujude ngajeni sing diajak guneman biasane tumrap wong enom marang wong kang luwih tuwa, batur nyang bendarane sing dudu darah luhur, pegawe menyang pimpinane.

Conto :
1. Bapak dereng rawuh
2. Nuwun sewu, estunipun panjenengan badhe ngersaaken menapa ?

3. Basa Wredha Krama

Basa Wredha Krama yaiku wujude basa kang ngajeni antarane wong tuwa marang wong kang kapernah enom, lan bisa uga wong tuwa marang sepadha-padhane.

Conto :
1. Sampeyan apa wis dhahar ta nak.
2. Mangga katuran pinarak wong ketingale sampun sayah.