Kamis, 23 Juli 2009
TEMBUNG ARAN 3
Pentil asem = cempaluk
Pentil jagung = Janten
Pentil jambe = bleber
Pentil jambu = karuk
Pentil kacang = besengut
Pentil krambil = bluluk, cengkir, degan
Pentil kweni = bandheo
Pentil mangis = blibar
Pentil nangka = babal
Pentil pelem = pencit
Pentil randhu = plencing
Pentil semangka = plonco
Pentil mlinjo = kroto
Pentil timun = serit
Araning isi
Isi asem = klungsu
Isi duren = pongge
Isi jambe = jebuk
Isi kapas = wuku
Isi kates = trempos
Isi kecipir = botor
Isi kesambi = kecacil
Isi kluwak = pucung
Isi kluwih = bethem
Isi krambil = kenthos
Isi nangka = beton
Isi pelem = pelok
Isi randhu = klentheng
Isi salak = kenthos
Isi sawo = kecik
Isi semangka = kwaci
Isi tanjung = kecik
Araning Woh
Woh aren = kolang-kaling
Woh bengkoang = besusu
Woh Cengkeh = polong
Woh Dhadhap = blendhung
Woh Gebang= klandhing
Woh Gembili = katak
Woh Jambe = jebug
Woh Jati = janggleng
Woh Kantil = handhek
Woh Kelor = klenthang
Woh Kuwek = pocung
Woh Pandhan eri = pandhaga
Woh So = mlinjo
Woh Tal = siwalan
Woh Turi = klenthang
Woh Uwi = katak
Woh Widara putih = anyang
Senin, 06 Juli 2009
TEMBUNG ARAN 2
Godhong aren = dliring
Godhong asem = sinom
Godhong cocor bebek = tiba urip
Godhong dedhang garing = klaras
Godhong dhadhap = tamla
Godhong gebang = kajang
Godhong gedhang enom = pupus
Godhong gedhang tuwa = ujungan
Godhong jambe = precel
Godhong jarak = bledheg
Godhong jarak kebo = lomah-lameh
Godhong jati = jompong
Godhong kacang brol = rendheng
Godhong kacang lanjaran = lembayung
Godhong kates = gapleng
Godhong kecipir = cethithil
Godhong kelor = limaran
Godhong kemladeyan = kumuda
Godhong kluwih = kleyang
Godhong krambil enom = janur
Godhong krambil tuwa = blarak
Godhong lempuyang = lirih
Godhong lombok = sabrang
Godhong mlinjo = eso
Godhong pari = damen
Godhong pring = elar manyura
Godhong randhu = baladewa
Godhong siwalan = lontar
Godhong tales = lumbu
Godhong tebu = momol
Godhong tela = jlegor
Godhong turi = pethuk
Godhong waluh = lomah-lameh
Godhong widara putih = trawas
Godhong wuni = mojar
TEMBUNG ARAN 1
Kembang Aren = Dangu
Kembang Blimbing = Maya
Kembang Cengkeh = Polong
Kembang Cubung = Torong
Kembang Dhadhap = Celung
Kembang Duren = Dlongop
Kembang Ganyong = Puspanyidra
Kembang Garut = Grameng
Kembang Gebang = Krandhing
Kembang Gedhang = Tuntut
Kembang Gembili = Seneng
Kembang Jagung = Sinuwun
Kembang Jambe = Mayang
Kembang Jambu = Karuk
Kembang Jarak = Juwis
Kembang Jati = Janggleng
Kembang Jengkol = Kecuwis
Kembang Kacang = Besengut
Kembang Kanthil = Gadhing
Kembang Kapas = Kadi
Kembang Kara = Kepek
Kembang Kecipir = Cethethet
Kembang Kelor = Limaran
Kembang kencur = Sedhet
Kembang Kimpul = Pacal
Kembang Kluwih = Onthel
Kembang Kopi = Blanggreng
Kembang Krambil = Manggar
Kembang Krokot = Naknik
Kembang Lamtara = Jedhidhing
Kembang Lombok = Menik
Kembang Nangka = Angkup
Kembang Nipah = Dongong
Kembang Pace = Nyreweteh
Kembang Pandhan = Pudhak
Kembang Pete = Pendul
Kembang Pohung = Ingklik
Kembang Pring = Krosak
Kembang Randhu = Karuk
Kembang Salak = Ketheker
Kembang So (mlinjo) = Uceng (kroto)
Kembang Suruh = Drenges
Kembang Tales = Pancal
Kembang Tebu = Gleges
Kembang Tela = Jlegor
Kembang Timun = Mantra
Kembang Widara Putih = Rejasa
Sabtu, 04 Juli 2009
TEMBUNG
Manut wujude Tembung ing Parama sastra Jawa kaperang dadi 3 (telung) wujud, yaiku :
1. Tembung Wod
yaiku tembung sakecap kang wis nduweni teges nanging durung sampurna, contone :
plung, lap, lur, byur, lsp.
2. Tembung Lingga
yaiku tembung kang isih wutuh utawa durung owah saka asale, contone :
sapi, kebo mulih, lunga, mangan, lsp.
3. Tembung Andhahan
yaiku tembung kang wis owah saka asale, contone : dipangan, mangana, dijawil, lsp.
Dene owahing Tembung Lingga dadi Tembung Andhahan kuwi, bisa jalaran saka :
1. Ater-ater (Awalan) kayata : a, ma, dak, ko, di, sa, pa, pi, pra, tar, lan ka.
2. Seselan (Sisipan) kayata : el, er, um, lan in.
3. Panambang (Akhiran) kayata : i, an, en, ake (aken), ku, mu, lan e.
4. Camboran yaiku tembung loro kang digabung dadi siji saengga nuwuhake teges anyar.
Dene nurut wujude kaperang dadi :
1. Camboran Tugel, conto : dubang saka idu+abang, lunglit saka balung+kulit, lsp.
2 Camboran Wutuh, conto : tanem tuwuh, pabrik gula, lsp.
Dene nurut tegese kaperang dadi loro uga, yaiku :
1. Camboran Tunggal, conto : naga+sari dadi nagasari, semat+mendem dadi semarmendem, lsp.
2. Camboran Udhar, conto : bapa+biyung dadi bapa biyung, rina+wengi dadi rina wengi, pager+bata dadi pager bata, lsp.
1. Dwi lingga yaiku tembung kang dumasi karana ngrangkep linggane, conto :
bocah-bocah, omah-omah, watu-watu, lsp.
2. Dwilingga Salin Swara, yaiku Dwilingga kang kadadeyan sarana ngowahi swara tembung ngarep utawa mburi. Conto : wira-wiri, kolang-kaling, gonjang-ganjing, lsp.
3. Dwipurwa yaiku dwilingga kang dumadi saka tembung kang dirangkep wanda wiwitane, Conto : lilima, tutuku, lelara, leluhur, lsp
4. Dwiwasana yaiku dwilingga kang dumadi saka tembung kang dirangkep wanda wekasane. Conto : cengenges, jegagig, jedhodhog, cengingis, lsp
PARAMA SASTRA JAWA
1. Tembung (kata ing Bahasa Indonesia)
2. Ukara (Kalimat ing Bahasa Indonesia)
1. Tembung
Manut wujude, tembung kaperang maneh udakara dadi telung (3) wujud, yaiku :
1. Tembung Wod
2. Tembung Lingga
3. Tembung Andhahan
2. Ukara
Manut wujude ukara kaperang udakara ana pitu (7) wujud, yaiku :
1. Ukara Lamba
2. Ukara Rowa utawa Rangkep
3. Ukara Tanduk
4. Ukara Tanggap
5. Ukara Sambawa
6. Ukara Sananta
7. Ukara Tandang
Kamis, 02 Juli 2009
TEMBUNG-TEMBUNG KRAMA INGGIL
akon = dhawuh
aku = dalem
alis = imba
anak = putra
awak = sarira
aweh = caos
ati = manah
B
bapak = rama
bantal = kajang mustaka
bathuk = palarapan
bojo = garwa
bokong = bocong
brengos = rawis
C
cangkem = tutuk
cewok = cawik
cucul = lukar
cukur = paras
cekel = asta
D
dandan = busana
dodot = kampuh
deleng = priksa
dolan = ameng-ameng
driji = racikan
DH
dhadha = jaja
dhemen = rena
dhengkul = jengku
E
eluh = waspa
embah = eyang
embun-bunan = pasundhulan
endhas = mustaka
entut = sarip
Enom = timur
G
gawa = asta, ampil
geger = pengkeran
gelang = binggel
gelem = karsa, kersa
gelung = ukel
githok = gitwa, julukan
glegek = segunen
godhek = athi-athi
guyu = gujeng
gulu = jangga
gusi = wingkisan
I
idep = ibing
idu = kecoh
iket = dhestar
ilat = lidhah
irung = grana
isin = lingsem
J
jaluk = nyuwun
jamu = loloh
janggut = kethekan
jaran = kapal, turangga, titihan
jarit = nyamping
jenat = swargi
jenggot = gumbala
joged = beksa
jupuk = mundhut
K
kalung = sangsangan
kaget = kejot
karep = kersa
kandha = ngendika
kathok = lancingan
kemu = kembeng
kemul = singep
kedhep = kejep
kemben = semekan
kempol = wangkelan
kengken = utusan
kowe = panjenengan
kramas = jamas
kringet = riwe
krungu = midhanget
kuku = kenaka
kuping = talingan
L
lambe = lathi
lanang = kakung
lara = gerah
lek-lekan = wungon
lengen = pamenthangan
lunga = tindak
M
mayar = senggang
manak = mbabar
mangan = dhahar
mari = dhangan
mata = soca, paningal
N
nakoni = ndangu
nesu = duka
nangis = muwun
nunggang = nitih
NG
ngadeg = jumeneng
ngakon = ngutus
ngambung = ngaras
ngandut = mbobot, nggarbini
ngarep = ngarsa
ngenger = ngabdi
ngimpi = nyumpena
nginep = nyare
ngising = bobotan
ngicipi = ngedhapi
ngorok = senggur
nguyuh = turas
ngundang = nimbali
NY
nyekel = ngasta
nyilih = ngampil
O
omah = dalem
ora = boten
P
paidon = pakecohan
pembarep = pembayun
petan = ulik
pijet = petek
pipi = pengarasan
piring = ambengan
prawan = kenya
pundhak = pamidhangan
pupu = wentis
pupuran = tasikan
putu = wayah
R
rai = pasuryan
rambut = rikma
raup = suryan
riyak = jlagra
S
sabuk = paningset
sandhangan = pengagem
sedhih = sengkel
selir = ampeyan
seneng = rena
sikil = sampeyan
sikut = siku
sisi = semprit
srengen = duka
susu = payudara
susur = kembeng
T
takon = ndangu
tangan = asta
tangi = wungu
teka = rawuh
tuku = mundhut
tuma = kitik
turu = sare
turun = tedhak
tunggangan = titihan
Kajabel saka buku Sekar Rinonce karangan W. Purwaka dkk
BASA KRAMA DESA
1. Ibu boten teng griya sek kesah dateng Bajul Kesupen.
2. Ing wanci ketigen mekaten, pesiten sami rowa.
BASA KEDHATON
Conto :
1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?
Ewone basa kedhaton liyane :
nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki
BASA KRAMA INGGIL
Dene wujude ana owah-owahaning penyebut kayata :
- /-mu/ dadi /kagungan dalem/
- /aku/ dadi /abdi dalem kawula/, /abdi dalem/, /adalem/, /dalem/, /kawula/
- /kowe/ dadi /panjenengan dalem/ utawa /sampeyan dalem/ menawa marang Ratu
Conto :
1. Kagungan dalem menapa sampun dipun paringaken ?
2. Manapa arta menika saget dalem ampil langkung rumiyin ?
3. Kula wastani panjenegan dalem sampun tindak kantor.
4. Lan sak panunggalanipun.
BASA KRAMA
1. Basa Kramantara
Basa Kramantara yaiku basa kang wujude basa krama kang lugu. Dene kanggone tumrap sapadha-padha, utawa priyayi sing luwih dhuwur lan menang drajate karo sing diajak guneman.
Conto :
1. Mangga ta sami dipun penggalih langkung rumiyin.
2. Para Tamu sampun sami kondur sedaya.
3. Ibu nembe tindak pasar wekdal menika.
4. Lan sak piturutipun.
2. Basa Mudha Krama
Basa Mudha Krama yaiku basa kang wujude ngajeni sing diajak guneman biasane tumrap wong enom marang wong kang luwih tuwa, batur nyang bendarane sing dudu darah luhur, pegawe menyang pimpinane.
Conto :
1. Bapak dereng rawuh
2. Nuwun sewu, estunipun panjenengan badhe ngersaaken menapa ?
3. Basa Wredha Krama
Basa Wredha Krama yaiku wujude basa kang ngajeni antarane wong tuwa marang wong kang kapernah enom, lan bisa uga wong tuwa marang sepadha-padhane.
Conto :
1. Sampeyan apa wis dhahar ta nak.
2. Mangga katuran pinarak wong ketingale sampun sayah.
BASA MADYA
1. Madya Ngoko
Wujude Basa Madya Ngoko yaiku:
- Tembung Madya yaiku tembung kang duweni ater-ater lan panambang ngoko
- Tembung Ngoko
- Nyebut "dika" kanggo "kowe", "Samang" kanggo " sampeyan", lsp.
Dene lumrahe kanggo dening :
- Bakul padha bakul
- Priyayi marang andhahane atawa ngisorane
Conto :
1. Dika pun nedha dereng
2. radio niku samang napake ?
2. Madyantara
Wujude Basa Madyantara yaiku :
- Tembung madya kang ater-ater lan panambang ngoko
- Tembung Ngoko
- Katenger saka tembung "keng slira" kanggo "sampeyan",
Dene lumrahe kaanggo dening :
- Para priyayi sing wis kulina
- Bojone priyayi marang bojone
- Priyayi marang sedulure kang kapernah tuwa nanging luwih cendhek pangkat/drajate.
Conto :
1. Sampeyan ya sida tilik mrana ?
2. Sampeyan iki wis diaturi bola-bali ora mirengake.
3. Madya Krama
Wujude Basa Madya Krama yaiku :
- Tembung Madya kang ater-ater lan panambang ngoko.
- Nganggo tembung Krama lan Krama Inggil.
- Nganggo sebutan "sampeyan" kanggo ngarani "kowe"
Dene sing nganggo Basa Madya Krama iki biasane :
- Padha dene priyayine lan wis padha kulinane
- Bojon priyayi sing durung ngoko
Conto :
1. Sampeyan apa wis dhahar ta mas ?
2. Mugi Pangeran tansah memayungi tindak sampeyan.
3. Tak kira ya wis sare lho, tiwas aku ra mampir.