Kamis, 02 Juli 2009

BASA KRAMA

Basa Krama yaiku basa kang utamane dianggo kanggo ngajeni marang sing diajak guneman. Dene wujude bisa kaperang dadi 3, yaiku :

1. Basa Kramantara

Basa Kramantara yaiku basa kang wujude basa krama kang lugu. Dene kanggone tumrap sapadha-padha, utawa priyayi sing luwih dhuwur lan menang drajate karo sing diajak guneman.

Conto :
1. Mangga ta sami dipun penggalih langkung rumiyin.
2. Para Tamu sampun sami kondur sedaya.
3. Ibu nembe tindak pasar wekdal menika.
4. Lan sak piturutipun.

2. Basa Mudha Krama

Basa Mudha Krama yaiku basa kang wujude ngajeni sing diajak guneman biasane tumrap wong enom marang wong kang luwih tuwa, batur nyang bendarane sing dudu darah luhur, pegawe menyang pimpinane.

Conto :
1. Bapak dereng rawuh
2. Nuwun sewu, estunipun panjenengan badhe ngersaaken menapa ?

3. Basa Wredha Krama

Basa Wredha Krama yaiku wujude basa kang ngajeni antarane wong tuwa marang wong kang kapernah enom, lan bisa uga wong tuwa marang sepadha-padhane.

Conto :
1. Sampeyan apa wis dhahar ta nak.
2. Mangga katuran pinarak wong ketingale sampun sayah.

3 komentar:

  1. Mas Aryooooooo... ketemu lagi
    iki wis tak bookmark lho hehehehe

    BalasHapus
  2. heheheheh ...... suwun, ning durung kumplit, rencanane arep tak kumpliti ndak ndina ......

    BalasHapus