Kamis, 02 Juli 2009

TEMBUNG-TEMBUNG KRAMA INGGIL

A

akon = dhawuh
aku = dalem
alis = imba
anak = putra
awak = sarira
aweh = caos
ati = manah

B

bapak = rama
bantal = kajang mustaka
bathuk = palarapan
bojo = garwa
bokong = bocong
brengos = rawis

C

cangkem = tutuk
cewok = cawik
cucul = lukar
cukur = paras
cekel = asta

D

dandan = busana
dodot = kampuh
deleng = priksa
dolan = ameng-ameng
driji = racikan

DH

dhadha = jaja
dhemen = rena
dhengkul = jengku

E

eluh = waspa
embah = eyang
embun-bunan = pasundhulan
endhas = mustaka
entut = sarip
Enom = timur

G

gawa = asta, ampil
geger = pengkeran
gelang = binggel
gelem = karsa, kersa
gelung = ukel
githok = gitwa, julukan
glegek = segunen
godhek = athi-athi
guyu = gujeng
gulu = jangga
gusi = wingkisan

I

idep = ibing
idu = kecoh
iket = dhestar
ilat = lidhah
irung = grana
isin = lingsem

J

jaluk = nyuwun
jamu = loloh
janggut = kethekan
jaran = kapal, turangga, titihan
jarit = nyamping
jenat = swargi
jenggot = gumbala
joged = beksa
jupuk = mundhut

K

kalung = sangsangan
kaget = kejot
karep = kersa
kandha = ngendika
kathok = lancingan
kemu = kembeng
kemul = singep
kedhep = kejep
kemben = semekan
kempol = wangkelan
kengken = utusan
kowe = panjenengan
kramas = jamas
kringet = riwe
krungu = midhanget
kuku = kenaka
kuping = talingan

L

lambe = lathi
lanang = kakung
lara = gerah
lek-lekan = wungon
lengen = pamenthangan
lunga = tindak

M

mayar = senggang
manak = mbabar
mangan = dhahar
mari = dhangan
mata = soca, paningal

N

nakoni = ndangu
nesu = duka
nangis = muwun
nunggang = nitih

NG

ngadeg = jumeneng
ngakon = ngutus
ngambung = ngaras
ngandut = mbobot, nggarbini
ngarep = ngarsa
ngenger = ngabdi
ngimpi = nyumpena
nginep = nyare
ngising = bobotan
ngicipi = ngedhapi
ngorok = senggur
nguyuh = turas
ngundang = nimbali

NY

nyekel = ngasta
nyilih = ngampil

O

omah = dalem
ora = boten

P

paidon = pakecohan
pembarep = pembayun
petan = ulik
pijet = petek
pipi = pengarasan
piring = ambengan
prawan = kenya
pundhak = pamidhangan
pupu = wentis
pupuran = tasikan
putu = wayah

R

rai = pasuryan
rambut = rikma
raup = suryan
riyak = jlagra

S

sabuk = paningset
sandhangan = pengagem
sedhih = sengkel
selir = ampeyan
seneng = rena
sikil = sampeyan
sikut = siku
sisi = semprit
srengen = duka
susu = payudara
susur = kembeng

T

takon = ndangu
tangan = asta
tangi = wungu
teka = rawuh
tuku = mundhut
tuma = kitik
turu = sare
turun = tedhak
tunggangan = titihan



Kajabel saka buku Sekar Rinonce karangan W. Purwaka dkk





BASA KRAMA DESA

Basa Krama Desa yaiku basa krama sing digunaake dening para pawongan ing desa, tujuane pengin ngurmati sing diajak guneman. Dene wujude ana tembung krama kang dikramaake maneh, ana uga kang nganggo tembung krama inggil utawa malah nganggo basa kawi.

1. Ibu boten teng griya sek kesah dateng Bajul Kesupen.
2. Ing wanci ketigen mekaten, pesiten sami rowa.

BASA KEDHATON

Basa Kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentana lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu.

Conto :
1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?

Ewone basa kedhaton liyane :

nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki

BASA KRAMA INGGIL

Basa Krama inggil yaiku basa kang tujuane kanggo ngajeni banget marang sing dijak guneman, meh padha karo Basa Mudha Krama.

Dene wujude ana owah-owahaning penyebut kayata :
- /-mu/ dadi /kagungan dalem/
- /aku/ dadi /abdi dalem kawula/, /abdi dalem/, /adalem/, /dalem/, /kawula/
- /kowe/ dadi /panjenengan dalem/ utawa /sampeyan dalem/ menawa marang Ratu

Conto :
1. Kagungan dalem menapa sampun dipun paringaken ?
2. Manapa arta menika saget dalem ampil langkung rumiyin ?
3. Kula wastani panjenegan dalem sampun tindak kantor.
4. Lan sak panunggalanipun.

BASA KRAMA

Basa Krama yaiku basa kang utamane dianggo kanggo ngajeni marang sing diajak guneman. Dene wujude bisa kaperang dadi 3, yaiku :

1. Basa Kramantara

Basa Kramantara yaiku basa kang wujude basa krama kang lugu. Dene kanggone tumrap sapadha-padha, utawa priyayi sing luwih dhuwur lan menang drajate karo sing diajak guneman.

Conto :
1. Mangga ta sami dipun penggalih langkung rumiyin.
2. Para Tamu sampun sami kondur sedaya.
3. Ibu nembe tindak pasar wekdal menika.
4. Lan sak piturutipun.

2. Basa Mudha Krama

Basa Mudha Krama yaiku basa kang wujude ngajeni sing diajak guneman biasane tumrap wong enom marang wong kang luwih tuwa, batur nyang bendarane sing dudu darah luhur, pegawe menyang pimpinane.

Conto :
1. Bapak dereng rawuh
2. Nuwun sewu, estunipun panjenengan badhe ngersaaken menapa ?

3. Basa Wredha Krama

Basa Wredha Krama yaiku wujude basa kang ngajeni antarane wong tuwa marang wong kang kapernah enom, lan bisa uga wong tuwa marang sepadha-padhane.

Conto :
1. Sampeyan apa wis dhahar ta nak.
2. Mangga katuran pinarak wong ketingale sampun sayah.

BASA MADYA

Basa Madya yaiku basa kang kaanggo ing antarane Basa Ngoko lan Basa Krama, dene wujude tembung Madya kang kaworan Ngoko lan Krama. Dene wujude bisa kaperang dadi 3, yaiku :

1. Madya Ngoko

Wujude Basa Madya Ngoko yaiku:
- Tembung Madya yaiku tembung kang duweni ater-ater lan panambang ngoko
- Tembung Ngoko
- Nyebut "dika" kanggo "kowe", "Samang" kanggo " sampeyan", lsp.

Dene lumrahe kanggo dening :
- Bakul padha bakul
- Priyayi marang andhahane atawa ngisorane

Conto :
1. Dika pun nedha dereng
2. radio niku samang napake ?

2. Madyantara

Wujude Basa Madyantara yaiku :
- Tembung madya kang ater-ater lan panambang ngoko
- Tembung Ngoko
- Katenger saka tembung "keng slira" kanggo "sampeyan",

Dene lumrahe kaanggo dening :
- Para priyayi sing wis kulina
- Bojone priyayi marang bojone
- Priyayi marang sedulure kang kapernah tuwa nanging luwih cendhek pangkat/drajate.

Conto :
1. Sampeyan ya sida tilik mrana ?
2. Sampeyan iki wis diaturi bola-bali ora mirengake.

3. Madya Krama

Wujude Basa Madya Krama yaiku :
- Tembung Madya kang ater-ater lan panambang ngoko.
- Nganggo tembung Krama lan Krama Inggil.
- Nganggo sebutan "sampeyan" kanggo ngarani "kowe"

Dene sing nganggo Basa Madya Krama iki biasane :
- Padha dene priyayine lan wis padha kulinane
- Bojon priyayi sing durung ngoko

Conto :
1. Sampeyan apa wis dhahar ta mas ?
2. Mugi Pangeran tansah memayungi tindak sampeyan.
3. Tak kira ya wis sare lho, tiwas aku ra mampir.